Selasa, 08 Januari 2013

asal usul kendal



ASAL USUL KENDAL

Bhatara Katong utowo Sunan Katong karo pasukane tekan ing Kaliwungu lan milih panggonan ing pegunungan penjor utowo pegunungan telapak kuntul melayang. Pirang-pirang tokoh ing rombongan kayata Ten Koe Pen Jian Lien, Han Bie Yan lan raden panggung. Ing cerita tutur utowo cerita rakyat, ketelu tokoh iku ing sawijineng dina kondang kanthi jeneng tekuk penjalin, Kyai Gembyang lan Wali Joko.
Penyebaran Agama Islam ing sekitar Kaliwungu ora ana alangan apa-apa. Nanging mlebu tlatah kang rada ngulon ana sawijineng tokoh agama Hindu/Budha, dheweke yaiku mantan petinggi kadipaten ing kerajaan majapahit kanggo tlatah Kendal/Kaliwungu, sing jenenge Suro Menggolo utowo Empu Pakuwojo.
Disebutke ing cerita tutur iku, dheweke yaiku petinggi Majapahit kang ahli gawe gaman (pusaka) utowo empu. Dheweke Adipati Majapahit kang pusat pemerintahane ing Kaliwungu / Kendal. Kanggo ngislamake utowo ngajak Pakuwojo suporo mlebu agama Islam, ora gampang kayadene ngislamake masyarakat biasa liyane. Biasane sifat gengsi lan krasa dadi taklukan yaiku nyedaki bener. Amarga krasa duwe keluwihan, pengislaman kuwi diwernoni nganggo adu kesakten kayadene Ki Ageng Pandaran ngislamake para “ajar” ing perbukitan bergota / pulau tirang.
Kesepakatan utowo syarat-syarat digawe nganggo  rasa sadare ksatria pilih tanding. “yen Sunan Katong saguh ngalahke, dheweke gelem mlebu Agama Islam lan dadi muride Sunan Katong”. Pola adu kesakten kaya ngono pancen wis dadi budayaning wong-wong biyen, kang luwih mentingake sportivitas pribadi. “iki dadaku – endi dadamu” utowo” sapa sing nyerang dhisik, aku utowo kowe”, lan isih akeh maneh cara-cara sing kaya ngono. Wong-wong biyen pancen sithik kang nglakokake “perang limpe utowo prang golek kelemahan”. Perang kelemahan iku diterapake yen wis kedadeyan perang kang umum.
Karo dibatiri 2 kancane lan 1 sedulure, adu kasekten mlaku kanthi rame. Perang antarane Pakuwojo lan Sunan Katong sakliyane adu fisik uga adu kekuatan awak sing angel ditiru karo wong biasa. Pakuwojo ora tau menang, dheweke pingin mlayu lan umpetan ing pikirane. Sunan Katong ora bakal ngerti yen dheweke umpetan.
Kebeneran ing kono ana sawijineng wit gedhe kang bolong. Karo Pakuwojo dienggo gawe panggonan umpetan supaya Sunan Katong ora ngerti. Nanging, amarga ilmu kang diduweni, Sunan Katong bisa nemokake Pakuwojo. Banjur Pakuwojo ngaku kalah.
Kaya janjine Pakuwojo maune, banjur dheweke ngucapake 2 tembung syahadat gawe tandha yen dheweke mlebu islam. Karo Sunan Katong, wit sing dienggo panggonan umpetan Pakuwojo diparingi jeneng pohon Kendal (wit Kendal) kang artine “penerang”. Ing panggonan kuwi Pakuwojo kabuka atine lan pikirane dadi padang lan mlebu islam. Kali kang digawe panggonan adu kasekten diparingi jeneng wit Kendal yaiku kali kang mbelah tlatah Kendal, tepate ing ngarep masjid Kendal. Pakuwojo sing awite karo wong-wong akeh kondang kanthi jeneng empu Pakuwojo, karo Sunan Katong diparingi jeneng pangeran Pakuwojo gawe panghargaan amarga dheweke petinggi majapahit. Awit kuwi Empu Pakuwojo milih manggon ing desa Getas Kecamatan Patebon lan kala-kala dheweke ana ing padepokane kang letakke ing perbukitan Sentir utowo Gunung Sentir, lan dadi muride Sunan Katong. Banjur panggonan ing sekitaring wit Kendal diarani Kendalsari.
Isih ana keterangan liya kang ana hubungane karo jeneng Kendal. Disebutake yen Kendal asale saka tembung Kendalapura. Disawang saka jenenge, Kendalapura iku ana hubungane karo agama Hindu. Artine yaiku Kendal wis ana awit agama Hindu mlebu ing Kendal. Utowo paling ora ing donga utowo mantera-mantera pemujaan wis nyebut-nyebut jeneng Kendal.
Uga ana keterangan kang nerangake yen Kendal asale saka tembung Kendali utowo kantali. Jeneng iku disebut-sebut karo wong-wong cina kang ana hubungane karo ditemukake area kang akeh ing tlatah Kendal lan disebutake karo catatan kuwi yen candi-candi ing Kendal luwih tuwo dibandingke karo Candi Borobudur lan Candi Prambanan.
Temuan kuwi pantes diparingi penghargaan lan dadi kekayaane sawijining asal-usul, nanging akeh masyarakat luwih percaya karo catatan babd tanah jawi kang nerangake yen jeneng Kendal saka sawijining wit kang jenenge wit Kendal.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar