*ADAT ISTIADAT JAWA*
Mitoni,
pepuji mring wiji dadi
Masarakat Jawa tansah ora uwal saka tatacara adat tradhisi.
Apa maneh kang gegayutan karo sangkan paraning manungsa. Wiwit manungsa
ana njero kandhutan nganti manungsa surut ing kaseban jati, tansah
diiring kanthi adat tradhisi kang digelar ing wayah tertantu.
Dene tatacara lan upacara tradhisi kang digelar nalika
sawijining wanita lagi ngandhut duwe pangajab supaya ibu lan anak
utawa wiji dadi kang dikandhut tansah wilujeng nir sambikala. Pangajab
liyane, bayi kang dilairake mbesuke bisa antuk kabegjan uripe.
Maneka tatacara
dilakoni nalika kandhutan wiwit umur telung sasi ana wilujengan utawa
selametan nigang wulani, petang sasi, limang sasi, enem sasi, pitung
sasi kang disebut mitoni, sarta sangang sasi kang disebut procotan.
Miturut Prasetyo
Adi Wisnu Wibowo, dhosen Sastra Daerah FSSR UNS Solo, kanggo njaga supaya
jabang bayi bisa slamet nalika ing kandhutan nganti wancine lair,
wong Jawa ngleksanakake maneka warna wilujengan. Maneka upacara
tradhisi lumrah dilakoni jroning cakra manggilingan uripe manungsa
Jawa nalika wanita lagi ngandhut wiwit umur kandhutan sesasi nganti
sangang sasi.
“Dene nalika
umur kandhutan wus ngancik pitung sasi, diadani upacara slametan
kang disebut mitoni utawa tingkeban. Mitoni iki dilakoni dening
wong Jawa mligine nalika wanita lagi ngandhut kang kapisan utawa
mbobot tembean,” ujare Prasetyo, ing andharane jroning sawijining pirembugan
ing FSSR, sawetara wektu kapungkur.
Ubarampe
Upacara mitoni
utawa wilujengan pitung wulanan iki lumrahe nganggo ubarampe kang
disedhiyani dening kulawarga wanita kang nembe ngandhut. Ubarampe
slametan nglimputi sekul janganan, jenang abrit, jenang baro-baro,
jajan pasar lan sriyatan kang ginawe saka wijen, dhele, kacang kang
kagangsa ing gendhis. Saliyane iku uga cengkaruk timbal, penyon,
pring sadhapur lan tumpeng robyong kang arupa tumpeng dicemplungake
ing cething, diwenehi iwak kebo lan endhog godhog, gereh, krupuk. Ubarampe
liyane awujud janganan mentah kayata lombok, terong, janganan lan
sawetara jinis kembang-kembangan. Tumpeng janganan digawe cacah pitu
dijangkepi pitung iji apem conthong.
Jroning upacara mitoni iku uga ana tatacara gantos penganggen
ngantos kaping pitu kang sabanjure disebut tingkeban. Nut Serat Tatacara
anggitane Ki Padmasusastra, upacara tingkeban iki dileksanakake
nalika tanggal ganjil tanpa ngliwati purnama (sadurunge tanggal
15, upamane tanggal 3, 5, 7, 9, 11, 13 lan 15). “Upacara mitoni utawa
tingkeban diadani jalaran nurut kaprecayane wong Jawa, bayi ing
kandhutan nalika umur pitung wulan wis diparingi nyawa dening Pangeran.
Dene ritual baku jroning upacara mitoni yakuwi siraman lan ganti
busana nganti kaping pitu,” ujare Prasetyo.
Tata cara siraman
Tata carane siraman, ing papan kang wus ditentokake dicepakake
jembangan wadhah banyu kang wus diwenehi kembang setaman. Banyu kang
wus diwenehi kembang setaman kuwi dianggo siraman wanita kang lagi
ngandhut.
Upacara siraman dhewe dileksanakake wanci jam 11.00 WIB
amarga dipracaya para hapsari uga tumurun saka kayangan saprelu
arep adus. Dene kang mimpin siraman yakuwi dhukun, dene kang nyiram wanita
kang ngandhut yaiku para pinisepuh putri kang cacahe pitu utawa sangang
wong. Cidhuk banyu kang dianggo kudu saka bathok utawa siwur.
“Sadurunge
siraman, wanita kang ngandhut dilulur luwih dhisik nganggo glepung
beras mancawarna dicampur mangir, pandhan wangi kang wus dirajang
lembut lan godhong kemuning kang wus dipipis. Nanging uga ana sumber liya
kang nyebutake piranti kang digunakake ngresiki cacahe pitung rupa
yakuwi wedhak agal, sedheng lan lembut, mangir, sindhu, lulur lan
asem,” jarene Prasetyo.
Papan kanggo
lungguhe wanita kang lagi ngandhut iku arupa dhingklik cilik kang dilambari
godhong apa-apa, saliyane itu uga godhong kluwih, kara, maja, dhadhap
serep, alang-alang, klasa mendhong, dhingklik uga dilambari kain warna-warna,
contone sindur, jarit kanthi motif yuyu sekandhang.
Padusan kakrobong
utawa ditutup nganggo kain jarit motif rangrangan utawa cindhe. Padusan
iki ana ing latar sisih kiwa utawa tengen omah kanthi lawang ngadhep
ngetan. Krobong dirias nganggo tuwuhan jangkep arupa pisang, tebu
lan cengkir gadhing.
Cengkir
Ing Serat Tatacara anggitane Ki Padmasusastra kasebutake,
rampung siraman banjur ganti kain pasatan lan diubedi letrek utawa
kain jarit kang logro sarta dianggoni sabuk saka godhong tebu tulak.
Saka njero letrek kuwi pinisepuh nglebokake tropong ing njero jarit
lan nyeblokake. Sabanjure sabuk mau dipotong nganggo keris. Sawuse
pedhot, bojone wanita kang lagi ngandhut iku diakon lunga tanpa pamit.
Bebarengan karo kuwi ibu Maratuwa mbanting endhog pitik mentah lan
bapake mecah cengkir gadhing kang wus digambari Kamajaya-Kamaratih,
Janaka-Subadra, utawa Panji lan Candra Kirana, banjur disigar dadi
loro. Nalika mecah cengkir direwangi bapak kandhunge wanita kang
lagi ngandhut kuwi.
Wanita kang ngandhut banjur diiring mlebu omah lan ngadeg ing
ngarep petanen. Ing papan kuwi wus dicepakake sinjang lan kemben cacah
pitu. Sateruse para pinisepuh nganggokake jarit iku mbaka siji.
Rampung nganggo siji banjur diuculi, banjur dianggokake maneh liyane.
Ngono terus nganti kaping enem lan para pinisepuh mesthi ngomong durung
patut. Kang pungkasan, para pinisepuh nganggokake jarik truntum kemben
motif bangotulak. Bebarengan karo kuwi, para pinisepuh padha ngomong
wis patut.
“Wayah wengine uga dibabar wayangan kanthi lakon kelairan,
contone Gathutkaca lair. Sing duwe omah nyedhiyani pasugatan kanggo
dhalang lan niyaga. Kanggo dhalang diwenehi rampadan kaping pindho,
arupa sekul ambeng, 10 piring iwak lan 10 piring panganan,” tandhese
Prasetyo. –
Nyai Tingkep
Mitoni kang wijine saka tembung pitu, kalebu tradhisi mengeti
pitung sasi umure kandhutan tumrap pawestri kang nembe ngandheg sepisanan.
Tradisi mau nut pustaka kuna, wis ana wiwit udakara abad VIII (831 M)
yaiku anane Negara Kedhiri kang diasta sawijining narendra hambeg
paramarta jejuluk Prabu Jayapurusa. Asal usule ana tradhisi mitoni
kawiwitan saka anane prastawa pisowanan agung ing Negara Kediri.
Ing antarane para-para kang padha sowan, ana sawenehing pawongan lanang
wadon nderek sowan tanpa katimbalan, arane Sadiyo lan Nyai Tingkep.
Sowane kawula loro mau nggeret kawigatene Sang Prabu, nuli katimbalan
maju apa sing dadi wigatine. Sak wise nepungake jenenge, pawongan
mau munjuk atur, kumawani sowan tanpa katimbalan awit abot-abote arep
nyuwun berkah pengestune Sang Prabu gegayutan karo bojone kang nalika
iku lagi ngandheg wolung wulan.
Diaturake menawa wis nglakoni ngandheg nganti sangang ambalan,
saben-saben lair, bayi tertamtu tilar donya. Mula ngandheg kang iki kumawani
sowan Sang Prabu bakal nyuwun berkah pengestu amrih mbesuke lair kanthi
slamet. Sang Prabu rena banget penggalihe, nuli paring dhawuh Nyai
Tingkep supaya nyranani ndedonga mring Kang Maha Kawasa, kanthi siram
jamas nggunakake Tirta Narmada, yaiku banyu saka tempuran kali.
Ing kalodhangan iku Sang Prabu uga ndhawuhake kawulane supaya niru,
jamasan Tirta Narmada nalika nglakoni ngandheg sepisanan umur pitung
sasi, wusana run tumurun tradhisi mau dileksanani wong Jawa nganti
tumeka jaman saiki.
Anehing kahanan,
ing titiwanci temeka leke jabang bayi, bayi kang dilairake Nyai
Tingkep ajeg kembar. Wusana anake Sadiyo lan Nyai Tingkep cacah 26. Mula
banjur kaparingan peparaban Nyai Brayut. Lan kekarone katimbalan
dadi abdi dalem ing jero Karaton Kedhiri.
Sesaji
Awit saka iku
mitoni uga asring disebut Tingkepan nut jaman kelakone tetep didadekake
tradhisi run tumurun mungguhing wong Jawa. Awit ngidak jaman Mataram
Islam, tradhisi Tingkepan mau sangsaya disempurnakake, babagan
simbol donga/sesaji lan wujud dongane. Wiwit jaman Sultan Agung Hanyokrokusuma,
pengetan wong nggarbini ora ngemungake umur pitung sasi.
Wiwit ngandheg umur sesasi, wis dipengeti. Sejene ubarampe
wilujengan komplit, uga kasedhiyakake jenang bening, bubur beras
encer, nandhakake lamun janin wektu isih umur sesasi isih awujud tirta.
Sasi kaloro kasedhiyani jenang sungsum juruh nggambarake
janin nalika iku isih ujud getih lan toya-kama. Sasi katelu, kasedhiyani
sega punar diwadhahi takir. Sasi kapat wilujengan kakanthen kupat
lan jangan gudheg. Sasi kalima ana sega megana, yaiku sega tumpeng
nganggo sambel parutan klapa. Ing kene nggambarake lamun janin ing
umur limang sasi wus awujud (gana) lan kapanjingan sukma/roh. Sasi kanem,
disedhiyani apem conthong (apem dikukus, diwadhahi conthong saka godhong
nangka). Nggambarake janin wis wiwit pepak balung daginge. Sasi kapitu,
sejene tumpeng jangkep lan sayuran pitung ponthang direngga janur kuning
lan maneka sesaji sing bakune sesaji-sesaji mau minangka simbul donga
pangajab marang Gusti Kang Maha Kawasa. Anane cengkir gadhing sing dientha
gambar Kamajaya lan Dewi Ratih, pangajab lamun lahir lanang bagus
kaya Bethara Kamajaya lamun mijil putri sulistya ing warna kaya Dewi
Ratih. –
Tidak ada komentar:
Posting Komentar