Rabu, 09 Januari 2013

SANDIWARA JAWA


*SANDIWARA*

TABANAS
            Ing sekolahan wonten tamu. Tamunipun kalih. Satunggal Mas Prapta, karyawan BRI. Satunggalipun malih Mas Praja, karyawan BNI 1946. Murid-murid dipunklempakaken, lajeng dipunparingi katrangan.
Mas Prata : “Adhik-adhik, kula kekalih punika petugas saking bank. BRI lan BNI 1946. Kula kekalih dipundhawuhi nerangaken utawi njelasaken baba celengan utawi tabungan. Sapunika Mas Praja ingkan badhe nerangaken. Mangke kula ingkang mangsuli pitaken-pitakenipun Adhik-adhik. Sumangsa Mas Praja.
Mas Praja : “Adhik-adhik, wiwit taun 1971 Pamarentah sampun nindakaken Gerakan Tabungan Nasional, dipuncekak GTN. GTN punika woten werni kalih, inggih punika        Tabungan Pembangunan Nasional (Tabanas) lan Tabungan Asuransi Berjangka (Taska). Dene ingkang badhe kula terangaken bab Tabanas rumiyin.
GTN punika kangge ngajak masyarakat samia purun nyelengi. Ingkang dipunkajengaken masyarakat punika ugi klebet Adhik-adhik para murid punika. Pramila wiwit sapunika, sumangga Adhik-adhik sami nyelengi wonten Tabanas. Punapa ta tujuanipun GTN punika? Tujuanipun GTN wonten werni kalih, inggih punika
1.      masyarakat supados kulina gemi, boten boros;
2.      arta celengan wau menawi sampun nglempak kathah kengingkangge ragad pembangunan, umpamanipun ngedegaken prabik-prabik, ndandosi kreteg, lan sanes-sanesipun.
 Mila menawi Adhik-adhik nyelengi wonten ing Tabanas, ateges Adhik-adhik tumut mbantu pamarentah nindakaken pembangunan. Makaten Adhik-adhik, katrangan kula. Salajengipun wedal kula aturaken wangsul dhumateng panjenenganipun Mas Prapta. Sumangsa Mas Prapta!”
Mas Prapta : “Adhik-adhik, kados sampun cetha katranganipun Mas Praja. Ewadene manawi taksih wonten ingkang badhe pitaken, mangga!”
Daryana     : “Kala wau dipunterangaken menawi arta celengan punika kangge ragad pembangunan. Menawi makaten artanipun masyarakat punika ical, Mas?”
Mas Prapta : “Boten, Dhik. Artanipun Dhik Daryana ing Tabanas boten ical. Sawanci-wanci dipunbetahaken saged dipunpendhet dhateng bank. Malah menawi sampun sewulan mangke angsal anakan utawi bunga. Dados malah tambah artanipun. Punika bathi utawi keuntunganipun nyelengi wonten Tabanas. Manawi dipunetang sedaya

paedahipun nyelengi ing Tabanas wonten sekawan, inggih punika
1.      masyarakat kulina dados tiyang gemi, boten boros;
2.      artanipun aman, boten kuwatos pacolong tiyang;
3.      arta wau saben wulan angsal anakan utawi bunga;
4.      masyarakat saged tumut mbantu nindakaken pembangunan.
Darmini     : “Manawi sampun nyelengi, punapa celengan wau kenging dipunpendhet, Mas?”
Mas Prapta : “Kenging uger sampun sawulan anggenipun nyelengi. Mendhetipun saged sawanci-wanci. Nanging naming kaping kalih saben wulanipun.”
Sarman      : “Ing buku Tabanas punika kok wonten gambaripun. Gambar punapa Mas punika?”
Mas Prapta : “O, punika. Punika naminipun lambang. Lambangipun Tabanas lan Taska. Tegesipun makaten
1.      Pantun lan kapas punika nglambangaken kemakmuran.
2.      Diyan utawi  lampu (pelita) punika nglambangaken Pembanguna Lima tahun.
3.      Celengan utawi kanthong (pundi) punika nglambangaken Tabanas kaliyan Taska.
Sedaya wau ateges: “Menabung guna pembangunan menuju kemakmuran Negara dan bangsa”.
Sampun cetha inggih, matur nuwun.”
Mas Praja : “Kula kaliyan Mas Prapta nyuwun pamit. Mbok bilih wonten salah-salah kata saking kula lan Mas Prapta nyuwun pangapunten. Mugi-mugi Adhik-adhik saget nyelengi wonten Tabanas punika. Matur nuwun.”






PERSAMI

Kak Dicky :  “Adhik-adhik, minggu ngarep mengko gugus dhepane dhewe sida nganakake     Persami, Perkemahan Sabtu Minggu.
Andri         :  “Saestu wonten lapangan Kecamatan, Kak?”
Kak Dicky :  “Ora, neng lapangan Sekolahane dhewe wae. Sing melu Persami mengko mung   bocah kelas telu. Dadi, ana ing lapangan Sekolahane dhewe wae cukup.”
Chichi        :  “Malah kleresan, Kak. Mangke menawi jawah saget mlebet kelas. Tiyang sapunika taksih mangsa jawah.”
Retna         :  “Tur anggenipun pados toya gampil, kantun mompa utawi muter kran.”
Badrun       :  “Menawi badhe dhateng wingking ugi boten tebih.”
Kak Dicky :  “Pramuka kok mung seneng golek gampang.”
Retna         :  “Punika wau rak mung dhawah kleresan. Sejatosipun wonten pundi kemawon sanggah.”
Dewi          :  “Inggih, Kak. Mbok wontena ing panggenan ingkang tebih toya lan tebih punapa kemawon, Pramuka mboten badhe nggresula.”
Kak Dicky :  “Kudune pancen ngono. Pramuka ora kena ringkih atine. Pramuka kudu tabah. Iki ngene, kanggo syarat melu Persami, kaya adat saben, adhik-adhik kudu oleh ijin seka wong tuwa, iki kak Dicky wis nyawisake blangko layang ijin seka wong tuwamu, isenana!”
Badrun       :  “Sanesipun menika, menapa ingkang kedah kula cawisaken, Kak?”
Kak Dicky :  “Kaya adate kae, sakabehing ubarampe kanggo kemah, upamane tendha, beras saubarampene, piranti kanggo masak, piranti kanggo adus, lan aja lali obat-obatan PPPK. Prakara tendha, rehne tendhane dhewe kurang, mengko regu sing nyilih tendha menyang Gudep liya dak gawani layang.”
Andri         :  “Mangke kula nyuwun serat, Kak. Kula badhe pados sambutan tendha!”
Chichi        :  “Kula inggih, Kak.”
Kak Dicky :  “Sing butuh, mengko dakwenehi.”
Galih               :  “Adatipun Sekolahan maringi bantuan ragad kangge kabetahipun regu, menapa mangke saben regu ugi nampi bantuan, Kak?”
Retna         :  “Wah..Galih, usul sepisan wae prekara bantuan! Saru ah!”
Kak Dicky :  “Kuwi ora saru, Retna. Pramuka mono pancen kudu blak-blakan. Mesthine Galih rak nalurekake adat sing uwis, rak ngono ta, Galih?”
Galih          :  “Inggih, Kak. Kula naming nalurakaken adat ingkang sampun kelampahan.”
Kak Dicky :  “Aja kuwatir, wingi Kak Mabigus, Bapak Kepala Sekolah, ngendika, Manawa sekolahan arep maringi batuan. Nanging gedhe cilik bantuan Kak Mabigus ora ngendika lan Kak Dicky uga ora nyuwun priksa. Saiki ngene, Wahyu, blangko iki dumen, yen uwis adhik-adhik banjur padha ngisenana blangko iki apa mesthine, mung wae, bab tulisan tidak mengizinkan, mengizinkan, ojo ana sing kecorek dhisik. Mengko sing milih lan sing nyorek kareben wong tuwamu dhewe. Nanging, yen ora ana bab liya sing luwih wigati, becike wong tuwamu suwunen lilane. Kowe kabeh rak padha ngreti ta, pigunane kemah?”
Dayat         :  “Ngertos sanget, Kak. Antawisipun kangge nglatih gesang mandiri utawi berdikari, lan ugi nglatih gesang sesarengan kaliyan tiyang sanes gesang bermasyarakat.”
Wahyu       :  “Boten kawon wigatosipun, inggih menika ngipuk-ipuk raos tresna dhateng sasami lan dhateng alam saisinipun, lan…”
Alip           :  “…ugi mewahi kandeling iman lan taqwa dhumateng Gusti Ingkang Akarya Jagat.”
Badrun      :  “Wah, Alip nyaut wae!”
Alip           :  “Nanging rak bener ta?”
Kak Dicky :  “Bener, kowe kabeh pancen bener. Mula yen ora kapeksa ana acara liya sing luwih wigati, kowe kabeh prayogane padha melu’o! Eh..nya blangko layang pamit iki tumuli dumen!” 

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar